Oh, Kamardikan: Puisi Didik Ahmadi, Depok



kamardikan kang wus dijanjekake ilang kabur kanginan saka langit langit endase lebur kebakar saka panas kepatine Ibukota. Kasapu  samirana garing kang ngiringi irenge awu awu dedalan. dheweke kaya kaya dudu warga rakyat negerine amarga kang pinuju iku keadilan sosial kanggo rakyat Indonesia sak kabehanne.

kamardikan kanggo dheweke iku merdeka milih papan palerenan, oleh aneng terminal, gubuk gubuk pinggir dalan, neng endi endi sabarang panggonan. ora perlu ngetokake duwit limang atus ewu rupiah kangge nyewa omah sasenan. duwit samono bisa kanggo bebase milih milih panganan apa wae sing penting isa ngganjel kothonge wetenge.

kamardikan kanggone dheweke yaiku merdikane dhewe milih milih esemane kang kawaca anaing pasuryanne ora penting eseman endah opo eseman pahit getire.

ah, kamardikan kanggo dheweke iku bebase dheweke milih milih bojobojoan kanggo ngganti bojone kang katinggal anèng kampung pulau sabrang.

oh, kamardikan..oh, kamardikan..oh, kamardikan


Cimanggis, 13 Agustus 2018

Comments