TAMU WAYAH AWAN: CERITA CEKAK SOFA UNNAFIS, BLORA




Sawijining dina ana pawongan teka ing omahku. Aku rada gumun mergane durung tau weruh dheweke mertamu ing omah. Durung rampung anggonku ngangen-angen ana sing uluk salam.
"Kula nuwun."
Mak gragap, rada kaget aku nyauri.
"Mangga."
"Nyuwun ngapunten, saged kepanggih pak Parto?"
"Nuwun sewu kersane menapa? Bapak taksih wonten sabin," pawongan mau ketok rada gela.
"Badhe matur sekedhik dhateng Pak Parto menawi saged."
"Sekedhap malih mbok menawi sampun kondur. Mangga dipun tengga rumiyin." Gage-gage anggonku manggakke, dak bukakke lawang luwih jembar lan dak aturi lenggah.
Kayane ana sing wigati nganti Wong iki keraya-raya tekan omahku sing adoh kutha. Aku ndelok dheweke nggawa buntelan kresek ireng sing awit mau mung dikekep tanpa diselehake. Aku mbatin ana perlu apa ya? Sajak anggonku kepo durung mari. Ah, mbok wis mengko rak ya ketemu jawabe. Wedang wis dadi, ndilalah mbok dhe Sugi mau mrene ngeteri tela goreng, dak wadhahi piring dak suguhke kanggo kanca wedang teh anget.
"Mangga dipun unjuk rumiyin, biasane saderengipun bedhug bapak sampun kondur."
"Nggih, maturnuwun." tangan tengene katon gemeter, nyekel gelas banjur disruput. Kaya ana cahya padhang ing pasamune. Apa wong iki seka adoh banget ya, dak delok iki mau mung mlaku tanpa ana kendharaan. Wetara umur seketan taun, undha-undhi karo bapak sajake. Ning ana apa ya? ah wis-wis awit mau kok grenengan dhewe, batinku. Aku ora wani ngajak omong akeh-akeh, kareben leren barang.
"Mangga, menika tela goreng taksih anget kok."
"Nggih, nak. Maturnuwun. Mangga sesarengan"
"Nggih, mangga." kanggo nglegakke aku ya njupuk tela, alon-alon tak mamah ning kok ya seret, sajak ya kaya serete pikirku sing awit mau mbatin bapak-bapak siji iki. Dumadakan akeh pitik sing teka notholi gabah sing dak pepe. Syaaahhhh..... Aku nggurak cepet-cepet, selak dieker-eker malah kaco panenane. Tanpa sadhar jebul bapake mau nggatekake, mesem.
Ora let suwe bapak kondur, pit lawas disendhekake gebyok kidul. Bapak sing ngerti aku nggusah pitik ngendikan.
"Kae lho, le. Nganggo wilah sing dak gawe rowe-rowe."
"Nggih, Pak. Niki wau selak diserbu, kula playoni mawon. Owh nggih, Pak. Panjenengan wonten tamu."
"Sapa, Le?" walah iya, kok aku ora takon asmane ya, mak pleng lali tenan.
"Kula supe boten taken, Pak. Piyantune wonten lebet." bapak ora mangsuli ning langsung wae mlebu omah. Aku sing isih-isih nglumpukake gabah sing dieker-eker pitik krungu.
"MasyaAllah, Pak Surya. Njenengan karo sapa? Karo putrane apa sapa, lha endi kok ora dijak mlebu?" bapak tindak njaba, clingak-clinguk.
"Bapake niku piyambakan, pak." aku matur minangka mansuli pitakone bapak marang tamune.
"Jenengan kok bisa tekan kene dhewe? Ana sing wigati, pak?" bapak lungguh ana kursi ngarepe tamune. Aku tambah bingung jane tamune bapak iki sapa. Alon-alon tamune bapak ngendikan, ngendikane alus aku ora krungu. Aku kepengen nyedhak, nguping ning wedi, ora sopan pisan. Wis ah tak ning kene wae, apa memburi wae ben ora kaya wong nguping. Aku mlebu omah liwat dalan sisih lor. Mlebu pawon nggawekake wedang kanggo bapak. Teh panas dak udhak,  bapak remene teh panas ben kemepyar ngono ngendikane.
Awan-awan panas rasa sumuk cocok kanggo mepe gabah supaya cepet garing, ning angin semilir sajak dadi obat ngilangi sumuk. Aku metu nggawa nampan isi teh panas kanggo bapak.
"Nuwun sewu, Pak" olehku ngaturake ati-ati wedi medhot critane tamune bapak. Sing dak rungu bapak mau ngendika yen gelem tamune diature sare lan manggon kene. Ana apa ya?
Wusanane tamune bapak pamit, buntelane diparingke bapak banjur bapak mlebu disimpen ing kamar. Bapak nyelakke ngeterake tamune, pamit marang aku.
"Le, bapak dak ngeterake Pak Surya dhisik ya. Mengko yen grimis gabahe dientasi." Bapak siap-siap nyetater motor antik kesayangane taun 80an.
"Nggih, Pak. Ngatos-atos."
Bapak tindak karo tamune, kari aku sing isih cumleng karo kahanane tamune bapak. Ora kok arep kepo sing ora-ora, mung ndelok saka wigatine kaya ana sing ora biasa. Sedina ora mendung malah panas banget, gabah sing wis dak pepe rong dina garing ring.  Dak wadhahi bagor sing wis cumepak, awak gatel kena lugut pari wis lumrah anane. Kabeh dak wadhahi dhewean merga pancen kari aku sing ning omah, kakang mbakyuku wis padha mungkur. Dene ibu durung kondur saka ziarah bareng ibu-ibu sa-RT.
Nganti wengi bapak durung kondur, janjane bar ngisak ana kenduri sing kudu dirawuhi. Sidane dak badali. Wetara Jam 10 bapak lagi kondur, aku ora wani takon nadyan penasaran banget. Sawuse matur yen kendurine mau aku sing budhal bapak mung iya wae, sajak sayah banget.
Esuke bapak crita yen Pak Surya kuwi wong kondhang kaloka jamane bapak nom, biyen bapak nate ditulungi diwenenhi tumpangan nggon turu nalika jamane kuliah. Saking rakete wis kaya bapake dhewe, nadyan ora let adoh umure. Pak Surya nikah mudha, dadi jamane bapak kuliah wis duwe nggon amba. Saiki kari urip ijen, garwane wis seda setahun kepungkur. Putra-putrane wis mungkur kabeh, bandhane wis didum entek resik, dene wingi buntelan sing diaturke bapak kuwi dhuwit mbuh pira cacahe bapak ora ngendikake. Bapak diparingi hadhiah kuwi merga biyen nate nulungi ngrampungi perkara dhuwit karo wong. Pak Surya pamit arep urip nyepi ning pinggiran Surabaya, dheweke wis nyepakke nggon kangge ngentekke umur kanthi urip nyepi.
Krungu critane bapak aku meneng manthuk-manthuk sinambi angen-angen gene yen wong urip sugih apa mlarat ya tundhone urip dhewe, ora butuhi bandha donya kepara malah urip nyepi, ngeningke ati ngadhang pati kanthi tulusing batin.


Ilustrasi aliexpres/ yuk klik iklannya

Comments