KUNTUL MUNI DHANDANG: PUISI ROSO TITI SARKORO, TEMANGGUNG



saur manuk wanci esuk
ndhandhang langit rengka
moncering srengenge ora digape
nyureng mega gawe bureng

dhandhang muni kuntul
kuntul metune dhandhang
saketi lati sengkuni
ngoceh nyuwek weninge ratri

mbrubul udan mimis
ambrol seka lambe lamis
watu ireng melu mblebes
tan eling kabeh winates

kebranang kadenangan wirang bebarang
branjangan mabur kekitrang
nduwa negara waton menga
jare bebrayan mung kari ngetung dina

gurit iki dede linggis
apa maneh mimis
kejaba mung nrawang
lelintang abyor ing tawang
                     ***
Wengi ing Nglarangan
5 April 2018



Ilustrasi padepokan dongeng/ yuk klik iklannya

Comments