TANGISE MANYAR ING RATRI: PUISI AGUS DWI UTOMO, SAMARINDA




Biyung ana ngendi panggonku bali
nadyan sak kilan wis nora ana papan
alas wis nora ketemu witwitan
gunung rata kayadene lapangan
kedung asat tan beda tegalan
Biyung ana ngendi panggonku bali
senadyan mung gagang wus nora ana penclokan
kamangka wus tuwuk mabur
aja nganti brodol wulune lar
banjur ngluruk ambyur
gugur manyar tan bisa mabur.



agus dwi sepi ing wengi,

Samarinda 15 agustus 2012



(ilustrasi gallery lukisan nana/ yuk ke bagian bawah blog dan klik iklannya untuk informasi berharga dan mencerahkan)

Comments