SELENDANG KAWUNG: PUISI AGUS DWI UTOMO



Sumampir kumel ing pundhake

Wanita aking, umun umun Ngindit rinjing

Isi sapu sada lan godong jati .

Magita gita gage tekan ora ketungka awan

Pijer tuhu ing gawean iku.

Minangka bhekti marang Gusti

Ngupaya sangune urip nyukupi pangan lan sandange.

Slendang kawung kang suwek pinggire

Wis ma tahun ngancani lan mbarengi ngudi,

Mrih mulyaning gesang, ora mung ngathong njagake

Pawehe liyan. Tulus tindake sanajan adoh lakune.

Wanita aking sumampir slendang ing pundhake,

Kaumpama srikandhi budhal palagan,

Ora giguh ing gumerlaping jagad.

Tansah tuhu lan setiya laki,

Ora dodolan kang wadi.

Wanita aking sumampir slendang kawung ing pundhake

Wanita perkasa tan ana ati cidra, lan dursila.

Kukuh lan waspada tetep tuhu ngabdi marang Kang Maha kuasa



Bibir Mahakam, 2010



(ilustrasi tunzaenzogeneration/ yuk ke bagian bawah blog dan klik setiap iklannya untuk informasi berharga dan mencerahkan)

Comments